Gurit Using : WÊLAS ISUN SAK JÊRUNÈ SAMUDRA

GURIT USING

WÊLAS ISUN SAK JÊRUNÈ SAMUDRA

Isun heng lila, kadung rika ngêliya
Isun heng lila, kadung rika disanding wong liya..

Opo tah rika heng rumangsa, kadung ati iki mung karêp nong rika
Opo tah rika heng percaya, wêlas iki mung kanggô rika, ya mung kanggô rika..

Arumè dalu hang dadi saksi, isun heng bisa mikir nong liyanè rika
Ulan lan lintang hang dadi kanca, mung rika hang dadi angênan, angênan nong jêru ati..

Duh gusti…
Sampek kapan urip isun gêdigi, ati nisun mageh kêlaran
Oh gusti, nasib isun kari gêdigi
Raina bêngi mung mikiri gandólanè ati..

Isun dhêmên heng kaibukan, wêlas isun nong rika yo heng ana watêsè
Ati nisun kêlaran-laran, wêlas isun heng ana balêsanè..

BWI, 26 Feb 2009
[Oi]

Sumber : FB GURIT USING

JANGAN LUPA DI SUBSCRIBE DAN DI FOLLOW YA GAESS Youtube : Mas Say Laros Banyuwangi Instagram : @massaylaros Facebook : Mas Say Laros Banyuwangi